Srengéngé

Srengéngé Sun symbol.svg
The Sun by the Atmospheric Imaging Assembly of NASA's Solar Dynamics Observatory - 20100819.jpg
Data pangamatan
Let rata-rata
saka bumi
1.496×108 km
8 min 19 s ing kacepetan cahya
Kacerahan visual (V) −26.74 [1]
Magnitudo mutlak 4.83 [1]
Klasifikasi spektral G2V
Metallicity Z = 0.0122 [2]
Ukuran pojok 31.6′ – 32.7′ [3]
Tembung sifat surya
Karakteristik orbital
Let rata-rata
saka inti Milky Way
~2.5×1017 km
26.000  taun cahya
Periode galaksi (2.25–2.50)×108 a
Kacepetan ~220 km/s (orbit sekitar pusat Galaksi)
~20 km/s (rélatif dhumateng kacepetan rata-rata lintang liya ing sekitar lintang)
~370 km/s [4] (rélatif dhumateng latar wuri gelombang mikro kosmik)
Karakteristik fisik
Rata-rata diameter 1.392×106 km [1]
109 × bumi
Radius katulistiwa 6.955×105 km [5]
109 × bumi [5]
Keliling katulistiwa 4.379×106 km [5]
109 × bumi [5]
Flattening 9×10−6
Wiyar aréa 6.0877×1012 km2 [5]
11.990 × bumi [5]
Volume 1.412×1018 km3 [5]
1.300.000 × bumi
Massa 1.9891×1030 kg [1]
333.000 × bumi [1]
Kapadhetan rata-rata 1.408×103 kg/m3 [1] [5] [6]
Kapadhetan Pusat (modhèl): 1.622×105 kg/m3 [1]
Fotosfèr ngisor: 2×10−4 kg/m3
Kromosfèr ngisor: 5×10−6 kg/m3
Korona (rata-rata.): 1×10−12 kg/m3 [7]
Gravitasi permukaan katulistiwa 274.0 m/s2 [1]
27.94 }}
28 × bumi [5]
Kacepetan uwal dhiri
(saka permukaan)
{617.7 km/s [5]
55 × bumi [5]
Suhu Pusat (modhèl): ~1.57×107 K [1]
Fotosfèr (èfèktif): 5,778 K [1]
Korona: ~5×106 K
Luminosity (Lsol) 3.846×1026 W [1]
~3.75×1028 lm}}
~98 lm/W efficacy
Intensitas rata-rata  (Isol) 2.009×107 W·m−2·sr−1
Karakteristik rotasi
Kamiringan sumbu 7.25° [1]
(tumrap ekliptika)
67.23°
(tumrap bidhang galaksi)
Right ascension
saka kutub lor [8]
286.13°
19 jam 4 menit 30 detik
Deklinasi
saka kutub lor
+63.87°
63°52' LU
Sidereal periode rotasi
(ing katulistiwa)
25.05 dina [1]
(ing 16° lintang) 25.38 dina [1]
25 dina 9 jam 7 menit 12 detik [8]
(ing kutub) 34.4 dina [1]
Kacepetan rotasi
(ing katulistiwa)
7.189×103 km/jam [5]
Komposisi fotosfèr (miturut massa)
Hidrogen 73.46% [9]
Helium 24.85%
Oksigen 0.77%
Karbon 0.29%
Wesi 0.16%
Neon 0.12%
Nitrogen 0.09%
Silikon 0.07%
Magnesium 0.05%
Welirang 0.04%

Srengéngé utawi surya punika bal raseksa ingkang kawangun saking gas hidrogen lan helium. [10] Srengéngé kalebet lintang kanthi warna pethak ingkang kagungan peran minangka pusat tata surya. [11] [12] [13] Sedaya komponèn tata surya kalebet 8 planit lan satelitipun, planit-planit kerdhil, asteroid, komèt, lan lebu angkasa mubeng ngiteri srengéngé. [14] Sasanèsipun minangka punjer ubengan, srengéngé ugi arupi sumber ènèrgi kanggé kagesangan ingkang teras-terasan. [15] Panas srengéngé ndadosaken bumi anget lan mbentuk iklim, éwadéné cahyanipun maringi pepadhang dhumateng bumi sarta dipunpigunakkaen déning tetanduran kanggé prosès fotosintesis. [15] Tanpa srengéngé, boten bakal wonten kagesangan ing bumi amargi kathah réaksi kimia ingkang boten saged dumados. [15]

Nicolaus Copernicus punika tiyang sepisanan ingkang ngajengaken téyori bilih srengéngé punika pusat parédharan tata surya ing abad 16. [16] Téyori punika lajeng dipunbuktèkaken déning Galileo Galilei lan pangamat angkasa sanèsipun. [16] Téyori ingkang salajengipun dipuntepangi kanthi nami heliosentrisme punika nugelaken téyori geosentrisme (bumi minangka pusat tata surya) ingkang dipunajengaken déning Ptolemeus lan sampun tahan wiwit abad kaping kalih sadèrèngipun masèhi. [17] Konsèp fusi nuklir ingkang dipunajengaken déning Subrahmanyan Chandrasekhar lan Hans Bethe nalika taun 1930 pungkasanipun saged njelasaken punapa punika srengéngé kanthi tepat. [16]

Karakteristik umum srengéngé

Srengéngé awangun bal pijar kanthi senyawa panyusun utami arupi gas hidrogen (74%) lan helium (25%) kaionisasi. [13] [14] [18] Senyawa panyusun sanèsipun kapérang saking wesi, nikel, silikon, sulfur, magnesium, karbon, neon, kalsium, lan kromium. [19] Cahya srengéngé asalipun saking asil réaksi fusi hidrogen dados helium. [20]

Adhedhasar pangétangan migunakaken Hukum Newton kanthi nglibataken pangaji kacepetan orbit bumi, let srengéngé, lan gaya gravitasi, dipunpikantuk massa srengéngé inggih punika 1,989x1030 kilogram. [18] [21] Angka kasebat sami kaliyan kaping 333.000 massa bumi. [18] Sauntawisipun punika dhiameter srengéngé inggih punika 1.392.000 kilomèter utawi 865.000 mil, sami kaliyan kaping 109 dhiameter bumi. [14] Minangka pabandhingan, 1,3 yuta planit saukuran bumi saged mlebet dhumateng srengéngé. [14] Mila, srengéngé dados objèk paling ageng ing tata surya kanthi massa dumugi 99,85% saking total massa tata surya. [22]

Srengéngé arupi lintang ingkang paling caket kaliyan bumi, inggih punika letipun rata-rata 149.600.000 kilomèter (92,96 yuta mil). [13] [23] Let srengéngé dhumateng bumi punika dipuntepangi minangka ékan astronomi lan biyasa dipunbulataken (kanggé panyedherhanan étangan) dados 150 yuta km. [13] [22]

Adhedhasar pangétangan kanthi métodhe analisis radhioaktif, dipunmangertosi bilih batuan rembulan, meteorit lan batuan bumi paling sepuh ingkang naté kapanggih yuswanipun watawis 4,6 yuta taun. [24] Sauntawisipun punika conto batuan srengéngé dèrèng naté dipunpikantuk saéngga pangétangan dipunlampahaken kanthi matématika migunakaken modhèl interior srengéngé. [25] Adhedhasar asil pangétangan matématika inggih punika srengéngé dipunkintenaken yuswanipun 5 ± 1,5 yuta taun. [25] Nanging, amargi tata surya dipunkawruhi kawangun minangka satunggil kasatuwan salebetipun wekdal ingkang cecaketan mila sapunika kanthi umum srengéngé dipunanggep yuswanipun 4,6 yuta taun. [24] [25] Srengéngé kagolong lintang tipe G V, kanthi ciri gadhah suhu lumahipun watawsis 6.000 K lan limrahipun tahan salaminipun 10 yuta taun. [20] Srengéngé dipunkintenaken yuswanipun watawis 7 yuta taun malih, sadèrèngipun hidrogen ing intinipun telas. [14] Manawi perkawis kasebat dumados, srengéngé bakal èkspansi dados lintang raseksa warna abrit ingkang asrep lan mangan planit-planit alit ing sakupengipun (manawi kalebet bumi) sadèrèngipun pungkasanipun wangsul dados lintang kerdhil warna pethak malih. [14]

Gaya gravitasi ing srengéngé sabandhing kaliyan kaping 28 gravitasi ing bumi. [26] Sacara téyori perkawis kasebat ateges bilih satunggiling tiyang gadhah bobot 100 kg ing bumi mila manawi lelampahan ing lumahipun srengéngé bobotipun bakal karaos kados 2.800 kg. [26] Gravitasi srengéngé mungkinaken narik sadaya komponèn-komponèn panyusunipun mbentuk satunggil wangun bal sampurna. [26] Gravitasi srengéngé ugi ingkang nahan planit-planit ingkang ngupengi tetep wonten ing orbitipun piyambak-piyambak. [26] Prabawa saking gravitasi srengéngé taksih saged karaos dumugi let 2 taun cahya. [26]

Radhiasi srengéngé, langkung dipuntepangi minangka cahya srengéngé, inggih punika campuran gelombang èlèktromagnètik ingkang kapérang saking gelombang infraabrit, cahya katingal, sinar ultraviolèt. [27] Sesaya gelombang èlèktromagnètik punika obah kanthi kacepetan watawis 3,0 x 108 m/s. [27] Mila radhiasi utawi cahya merlokaken wekdal 8 menit kanggé dumugi dhumateng bumi. [27] Srengéngé ugi ngasilaken sinar gamma, nanging frékuènsinipun tansaya alit sairing kaliyan letipun nilaraken inti. [27]

Other Languages
Аҧсшәа: Амра
адыгабзэ: Тыгъэ
Afrikaans: Son
Akan: Ewia
Alemannisch: Sonne
አማርኛ: ፀሐይ
aragonés: Sol
Ænglisc: Sunne
العربية: الشمس
ܐܪܡܝܐ: ܫܡܫܐ
مصرى: الشمس
অসমীয়া: সূৰ্য
asturianu: Sol
Atikamekw: Pisimw
авар: Бакъ
Aymar aru: Willka
azərbaycanca: Günəş
تۆرکجه: گونش
башҡортса: Ҡояш
Boarisch: Sun
žemaitėška: Saulė
Bikol Central: Saldang
беларуская: Сонца
беларуская (тарашкевіца)‎: Сонца
български: Слънце
भोजपुरी: सुरुज
Bahasa Banjar: Matahari
বাংলা: সূর্য
བོད་ཡིག: ཉི་མ།
brezhoneg: Heol
bosanski: Sunce
буряад: Наран
català: Sol
Mìng-dĕ̤ng-ngṳ̄: Nĭk-tàu
нохчийн: Малх
Cebuano: Adlaw
ᏣᎳᎩ: ᏅᏓ
Tsetsêhestâhese: Éše'he
کوردی: خۆر
corsu: Soli
Nēhiyawēwin / ᓀᐦᐃᔭᐍᐏᐣ: ᒌᔑᑳᐅᐲᓯᒽ
qırımtatarca: Küneş
čeština: Slunce
kaszëbsczi: Słuńce
словѣньскъ / ⰔⰎⰑⰂⰡⰐⰠⰔⰍⰟ: Слъньцє
Чӑвашла: Хĕвел
Cymraeg: Haul
dansk: Solen
Deutsch: Sonne
Zazaki: Tici
डोटेली: सूर्य
ދިވެހިބަސް: އިރު
Ελληνικά: Ήλιος
emiliàn e rumagnòl: Såul
English: Sun
Esperanto: Suno
español: Sol
eesti: Päike
euskara: Eguzkia
estremeñu: Sol
فارسی: خورشید
Fulfulde: Naange
suomi: Aurinko
Võro: Päiv
føroyskt: Sólin
français: Soleil
arpetan: Solely
Nordfriisk: San
furlan: Soreli
Frysk: Sinne
Gaeilge: An Ghrian
贛語: 太陽
Gàidhlig: Grian
galego: Sol
Avañe'ẽ: Kuarahy
𐌲𐌿𐍄𐌹𐍃𐌺: 𐍃𐌿𐌽𐌽𐍉
ગુજરાતી: સૂર્ય
Gaelg: Yn Ghrian
Hausa: Rana
客家語/Hak-kâ-ngî: Ngit-tèu
Hawaiʻi:
עברית: השמש
हिन्दी: सूर्य
Fiji Hindi: Suraj
hrvatski: Sunce
Kreyòl ayisyen: Solèy
magyar: Nap
Հայերեն: Արեգակ
interlingua: Sol
Bahasa Indonesia: Matahari
Interlingue: Sole
Iñupiak: Siqiñiq
Ilokano: Init
Ido: Suno
íslenska: Sólin
italiano: Sole
ᐃᓄᒃᑎᑐᑦ/inuktitut: ᓯᕿᓂᖅ
日本語: 太陽
Patois: Son
la .lojban.: solri
ქართული: მზე
Qaraqalpaqsha: Quyash
Taqbaylit: Iṭij
Kabɩyɛ: Wɩsɩ
Kongo: Ntangu
қазақша: Күн (жұлдыз)
ភាសាខ្មែរ: ព្រះអាទិត្យ
ಕನ್ನಡ: ಸೂರ್ಯ
한국어: 태양
Перем Коми: Шонді
къарачай-малкъар: Кюн
Ripoarisch: Sunn
Kurdî: Roj (stêrk)
коми: Шонді
kernowek: Howl
Кыргызча: Күн
Latina: Sol
Ladino: Sol
Lëtzebuergesch: Sonn
лезги: Рагъ
Limburgs: Zon
Ligure:
lumbaart: Suu
lingála: Mói
lietuvių: Saulė
latgaļu: Saule
latviešu: Saule
मैथिली: सूर्य
Basa Banyumasan: Srengenge
мокшень: Шись
Malagasy: Masoandro
македонски: Сонце
മലയാളം: സൂര്യൻ
монгол: Нар
मराठी: सूर्य
Bahasa Melayu: Matahari
Malti: Xemx
Mirandés: Sol
မြန်မာဘာသာ: နေ
مازِرونی: خورشید
Dorerin Naoero: Ekwan
Nāhuatl: Tōnatiuh
Napulitano: Sole
Plattdüütsch: Sünn
Nedersaksies: Zunne
नेपाली: सूर्य
नेपाल भाषा: सूर्द्य
Nederlands: Zon
norsk nynorsk: Sola
norsk: Solen
Novial: Sune
Nouormand: Solé
Diné bizaad: Jóhonaaʼéí
occitan: Soleu
Livvinkarjala: Päiväine
ଓଡ଼ିଆ: ସୂର୍ଯ୍ୟ
Ирон: Хур
ਪੰਜਾਬੀ: ਸੂਰਜ
Kapampangan: Aldo
Papiamentu: Solo
Picard: Solel
Deitsch: Sunn
Pälzisch: Sunn
polski: Słońce
Piemontèis: Sol
پنجابی: سورج
Ποντιακά: Ήλος
پښتو: لمر
português: Sol
Runa Simi: Inti
rumantsch: Sulegl
Romani: Kham
română: Soare
armãneashti: Soari
русский: Солнце
русиньскый: Сонце
संस्कृतम्: सूर्यः
саха тыла: Күн (сулус)
sardu: Sole
sicilianu: Suli
Scots: Sun
سنڌي: سج
davvisámegiella: Beaivváš
srpskohrvatski / српскохрватски: Sunce
සිංහල: හිරු
Simple English: Sun
slovenčina: Slnko
slovenščina: Sonce
chiShona: Zuva
Soomaaliga: Qorax
shqip: Dielli
српски / srpski: Сунце
Seeltersk: Sunne
Basa Sunda: Panonpoé
svenska: Solen
Kiswahili: Jua
ślůnski: Słůńce
ತುಳು: ಸೂರ್ಯ
తెలుగు: సూర్యుడు
тоҷикӣ: Офтоб
Türkmençe: Gün (ýyldyz)
Tok Pisin: San
Türkçe: Güneş
татарча/tatarça: Кояш
chiTumbuka: Zuwa
Twi: Ewia
тыва дыл: Хүн (сылдыс)
удмурт: Шунды
ئۇيغۇرچە / Uyghurche: قۇياش
українська: Сонце
اردو: سورج
oʻzbekcha/ўзбекча: Quyosh
vèneto: Sołe
vepsän kel’: Päiväine
Tiếng Việt: Mặt Trời
West-Vlams: Zunne
Volapük: Sol
walon: Solea
Wolof: Jant
吴语: 太陽
хальмг: Нарн
isiXhosa: UKat
მარგალური: ბჟა
ייִדיש: זון
Yorùbá: Òrùn
Vahcuengh: Daengngoenz
Zeêuws: Zunne
中文: 太阳
文言:
Bân-lâm-gú: Ji̍t-thâu
粵語: 太陽
isiZulu: Ilanga