Santo Simon tiyang Zelot |
---|
Ikon Gréja Ortodoks Rusia karyanipun satunggiling pelukis taun 1720. |
Rasul lan Martir |
Miyos | Abad sepindhah SM utawi M, Kana utawi Kanaan |
Tilar donya | ~107[1], kamungkinan Pella, Armenia utawi Suanir, Pèrsi utawi Edessa |
Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma, Gréja Ortodoks, Gréja Ortodoks Orièntal, Gréja Koptik, Gréja Katulik Ritus Wétan, Gréja Anglikan, Gréja Lutheran. |
Papan ziarah utama | rélik wonten ing kathah papan, kalebet ing Toulouse lan Basilika Santo Petrus[2] |
Dinten pèngetan | 28 Oktober (Gréja Roma); 10 Mèi (Gréja Koptik) |
Atribut | kapal, salib lan graji, ulam (utawi kalih iwak), tombak, dhayung[2] |
Pangreksa | kurir, tukang nggraji, tukang samak[3] |
Portal Santo |
---|
Simon tiyang Zelot punika salah satunggil saking 12 rasul sepindhahipun Yésus Kristus miturut cathetan Prajanjian Énggal ing Alkitab Kristen. Panjenenganipun dipunsebat ugi minangka "Simon Kananaios" (utawi "Simon tiyang Kanani"). Tapak karasulanipun boten kathah dipuntepangi lan sakedhik seratan perkawis panjenenganipun.
Nami "Simon" kathah dipunsebutaken salebetipun Injil sinoptik lan Para Rasul, ingkang saged tegesipun rasul sanèsipun, tanpa panjlasan langkung tebih.
- Simon ingkang ugi dipunparingi nami Petrus déning Yésus, lan Andreas sadhèrèkipun Simon, Yakobus lan Yohanes, Filipus lan Bartolomeus, Matius lan Tomas, Yakobus anak Alfeus, lan Simon ingkang dipunsebat tiyang Zelot, Yudas anak Yakobus, lan Yudas Iskariot ingkang salajengipun dados pengkhianat. (Lukas 6:14-16)
Kanggé mbèntenaken piyambakipun kaliyan Simon Petrus, panjenenganipun dipunsebat Kananious utawi Kananites (10:4; 3:18) lan salebetipun dhaftar rasul ing 6:15, dipunambali ing 1:13. Tembung "Zelot" dipunturunaken saking basa Ibrani, qana, ingkang tegesipun "tiyang ingkang tekun" (basa Inggris: "The Zealous"). Tembung Zelot piyambak ugi saged ateges kitha Kana utawi laladan Kanaan.
Robert Eisenman (Eisenman 1997 kaca 33-34) nedahaken Zelot punika nami satunggiling golongan.
Salebetipun Prajanjian Énggal, Simon tiyang Zelot boten naté dipuntepangi minangka Simon sedhèrèkipun Yésus ingkang kaserat ing Injil Markus 6:3. Miturut Catholic Encyclopedia Simon ing périkop punika inggih punika Simeon saking Yerusalem ingkang dipuntepangi minangka biskop Yerusalem kaping kalih.