Pananggalan Hijriyah

Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Mekkah · Madinah · Yerusalem
· Karbala · Kufah
· · Istanbul
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura ·
Mesjid · Menara · Mihrab
Ka'bah ·
Jabatan Fungsional
Khalifah · Ulama ·
Imam· Mullah· · Mufti
Al-Qur'an · Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi · Hambali
Maliki · Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah· Zaidiyah
Liyané
·
·
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Pananggalan Hijriyah utawa Kalèndher Hijriyah utawa Kalèndher Islam ( Basa Arab: التقويم الهجري; at-taqwim al-hijri), iku kalèndher sing dipigunakaké déning umat Islam, kalebu sajeroning nemtokaké tanggal utawa wulan sing magepokan karo ngibadah, utawa dina-dina wigati liyané. Ing nagara-nagara sing sing ndunungi mayoritas Islam, Kalèndher Hijriyah uga minangka sistem pananggalan sadina-dina. Kalèndher Hijriyah migunakaké sistem kalèndher lunar (komariyah).

Pananggalan iki dijenengaké Pananggalan Hijriyah, amarga ing taun pisanan kalèndher iki iku taun dumadiné prastawa Hijrah Muhammad saka Makkah menyang Madinah, yakni ing taun 622 M.

Karakteristik

Diwiwitiné dina/tanggal ing Pananggalan Hijriyah béda karo ing Pananggalan Masèhi. Ing sistem Pananggalan Masèhi, sawijining dina/tanggal diwiwiti ing jam 00.00 wektu saenggon. Nanging ing sistem Pananggalan Hijriyah, sawijining dina/tanggal diwiwiti nalika srengéngé angslup ing panggonan mau.

Pananggalan Hijriyah diyasa miturut rata-rata silkus sinodik wulan pananggalan lunar (qomariyah), duwé 12 wulan sajeroning setahun. Kanthi migunakaké siklus sinodik wulan, wilangan dina sajeroning sataun ana (12 x 29,53059 dina = 354,36708 dina).Bab iki sing njelasaké 1 taun Pananggalan Hijriyah luwih cendhak watara 11 dina tinimbang 1 taun Pananggalan Masèhi.

Faktané, siklus sinodik wulan duwé variasi. Cacahing dina sajeroning sak wulan sajeroning Pananggalan Hijriyah gumantung ing posisi rembulan, bumi lan srengéngé. Umur rembulan sing ngancik 30 dina trep karo dumadiné rembulan anyar (new moon) ing titik apooge, ya iku jarak paling adoh antara rembulan lan bumi, lan ing wektu sing bebarengan, bumi dumunung ing let paling cedhak karo srengéngé (perihelion). Sauntara iku, sak wulan sing lumangsung 29 dina trep karo wektu dumadiné rembulan anyar ing perige (let paling cedhak rembulan karo bumi) kanthi bumi dumunung ing titik paling adoh saka srengéngé (aphelion). Ing kéné katon yèn umur wulan ora tetep nanging owah-owah (29-30 dina) miturut karo kedhudhukan katelu bandha langit mau ( rembulan, Bumi lan Srengéngé)

Panentuan awal wulan (new moon) ditandani déning munculé penampakan (visibilitas) Rembulan Sabit pisanan (hilal) sawisé wulan anyar (konjungsi utawa ijtimak). Ing fase iki, rembulan angslup sawetara wektu sawisé angslupé srengéngé, saéngga posisi hilal dumunung ing ufuk kulon. Yèn hilal ora bisa dideleng ing dina angka 29, cacahing dina ing wulan mau dibulatna dadi 30 dina. Ora ana aturan mirunggan wulan-wulan ngendi waé sing duwé 29 dina, lan ngendi sing duwé 30 dina. Kabèh gumantung marang penampakan hilal.

Other Languages
العربية: تقويم هجري
azərbaycanca: Hicri təqvim
беларуская (тарашкевіца)‎: Мусульманскі каляндар
Esperanto: Islama kalendaro
हिन्दी: हिजरी
interlingua: Calendario islamic
Bahasa Indonesia: Kalender Hijriyah
日本語: ヒジュラ暦
한국어: 이슬람력
कॉशुर / کٲشُر: اِسلامی تَقويٖم
македонски: Исламски календар
Bahasa Melayu: Takwim Hijrah
norsk nynorsk: Muslimsk tidsrekning
srpskohrvatski / српскохрватски: Islamski kalendar
Simple English: Islamic calendar
slovenčina: Islamský kalendár
slovenščina: Islamski koledar
српски / srpski: Исламски календар
Basa Sunda: Kalénder Islam
Türkçe: Hicrî takvim
татарча/tatarça: Һиҗри тәкъвим
ئۇيغۇرچە / Uyghurche: ھىجرىيە تەقۋىمى
oʻzbekcha/ўзбекча: Islomiy taqvim
Tiếng Việt: Lịch Hồi giáo
吴语: 伊斯兰历
中文: 伊斯兰历
Bân-lâm-gú: Islam Le̍k-hoat
粵語: 回曆