Panguripan
Friedrich lair tanggal 30 Agustus 1844, ing
Karlsruhe, Jerman.[2] Friedrich Ratzel duwé bapak kang minangka sawijining manajer staf rumah tangga Grand Duke saka
Baden.[2] Dhèwèké sekolah ing pawiyatan luhur Karlsruhe suwéné 6 taun, sadurungé nyambut gawé ing
apotèk taun 1859.[2] Sawisé iku, ing taun 1863, Ratzel sinau
klasik (ngèlmu sosial) ing
Tlaga Zurich, Switserlan.[2] Sawisé nyambut gawé minangka apotèker ing laladan
Ruhr (1865-1866), dhèwèké sekolah manèh ing pawiyatan luhur Karlsruhe. Banjur Ratzel nerusaké sekolahé lan dadi mahasiswa
zologi ing
Universitas Heidelberg, Berlin.[2] Ing taun 1868, Ratzel gawé sawijining
tèsis ngenani
karakteristik lan cacing saka buku karya Charles Darwin, ya iku Origin of Species kang wis ana kawit taun 1859.[2]